
Tembang Pocung Biasane Awujud
A. Geguritan
B. Cangkriman
C. Parikan
D. Sanepan
Jawaban
Tembang Pocung biasane awujud B. Cangkriman.
Pembahasan
Tembang pocung yaiku klebu salah sawijine tembang macapat.
Tembang macapat cacahe ana 11, yaiku
- Mijil
- Maskumambang
- Sinom
- Gambuh
- Asmaradana
- Pangkur
- Dhandhanggula
- Kinanthi
- Pangkur
- Megatruh
- Pocung
Tembang pocung iku isine guyon parikena, akeh kanggo pasemon (nyindir) lan kanggo bedhekan. Supaya bisa ngerteni isine tembang pocung, kudu bisa mangerteno tegese utawa kekarepe tetembungan kang ana ing tembang iku.
Tuladha:
Bapak pocung, rentheng – rentheng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si Pocung mung turut kutha
Catatan:
Wesi miring iku sing dikarepake ril / dalan sepur.
Kendaraan sing dikarepake yaiku sepur.
Bapak pocung, wujud sira karo gembung
Ditata ing kotak
Barang mati mbebayani,
Nyrudhug tembok si Pocung dadi dahana
Catatan:
Gembung = gulu
Mbebayani = berbahaya
Dahana = geni
Barang sing dikarepake si Pocung yaiku penthol korek
Bapak pocung, gedhe dhuwur padha
gunung, asalmu ke sebrang
Ngon ingone sang bupati
Yen lumaka si Pocung lembeyan grana
Catatan:
Ka = saka (Indonesia = dari)
Sebrang = luar pulau
Ngon – ingone = open – openane
Lumaku = mlaku
Grana = irung
Kewan sing dikarepake si Pocung yaiku gajah
Demikian jawaban dari latihan soal Tembang Pocung Biasane Awujud. Semoga bisa membantu belajar kamu. Belajar adalah proses yang sangat bermanfaat dalam kehidupan siswa.
Akan tetapi, ada kalanya belajar bisa menjadi hal yang melelahkan dan membosankan, terutama jika Kamu tidak tahu cara belajar yang benar.
Dalam beberapa tahun terakhir, bimbel online telah menjadi cara praktis dalam membantu murit untuk meningkatkan kualitas belajar mereka.
Bimbel online memberikan keleluasaan bagi siswa dan guru untuk belajar dan mengajar tanpa terbatas oleh waktu dan jarak. Ini berarti pelajar dapat belajar dari mana pun dan kapan saja, bahkan dari luar negeri.
Bagi kamu yang merasa perlu les private sbmptn secara online dapat mencoba aplikasi Brainly.co.id.